Menyang kontèn

Watt

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Watt (cihna: W) yaiku ékan daya utawa fluks radian miturut tata ékan nagarantara (SI). Gunggungé padha karo 1 joule saben detik utawa 1kg⋅m2 ⋅s−3. [1] Ékan iki digunakaké kanggo nggunggung akehé grandra sing ngalih. Aran Watt dipilih kanggo ngajeni James Watt (1736–1819), pareka cipta, insinyur mesin, lan juru kimia Skotlandia abad ka-18 sing mrayoga mesin Newcomen nganggo mesin uwab gawéyané dhéwé ing taun 1776. Mesin iki tundhoné minangka dhasar dumadiné Revolusi Industri.

  1. Yildiz, I.; Liu, Y. (2018). "Energy units, conversions, and dimensional analysis". Ing Dincer, I. (èd.). Comprehensive energy systems. Vol 1: Energy fundamentals. Elsevier. kc. 12–13. ISBN 9780128149256.