Rekan
Praèn

Rekan utawa fiksi yaiku pakaryan sing direka kanthi cara macitakarya, utamané samubarang pakaryan naratif, nggambaraké sawijing wong, prastawa, utawa papan panggonan sing kayal utawa kanthi cara kayal.[1] [2] [3] Kanthi ngéné, gegambaran rekan ora kudu cocog karo kasunyatan, sejarah, lan ora kudu lumebu akal. Ing makna lawas sing ciut, karya rekan tegesé narasi sing ditulis ing gancaran – asring mirunggan ing novel, novela, lan crita cekak.[4] [5] Nanging ing makna sing luwih wiyar, rekan uga kalebu narasi kayal tinulis ing samubarang medhia, ora mung tulisan nanging uga pagelaran teater sanalika, filèm, acara tivi, drama radio, komik, gim maraga (role-playing game), lan gim vidéo.
- ↑ "fiction". Lexico. Oxford University Press. 2019. Diarsip saka sing asli ing 21 August 2019.
- ↑ Sageng, John Richard; Fossheim, Hallvard J.; Larsen, Tarjei Mandt, èd. (2012). The Philosophy of Computer Games. Springer Science & Business Media. kc. 186–187. ISBN 978-9400742499. Diarsip saka sing asli ing 13 March 2017.
- ↑ Harmon, William; Holman, C. Hugh (1990). A Handbook to Literature (édhisi ka-7th). New York: Prentice Hall. kc. 212.
- ↑ Abrams, M. h. (1999). A Glossary of Literary Terms (édhisi ka-7th). Fort Worth, Texas: Harcourt Brace. kc. 94.
- ↑ ""Definition of 'fiction". Oxford English Dictionaries (édhisi ka-Online). Oxford University Press. 2015. Diarsip saka sing asli ing 27 August 2022. Dibukak ing 25 August 2015.